Vadcoy.com – Pada postingan kali ini, Mang Ocoy akan membahas tentang Soal UAS/PAS Mapel Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 1 + Kunci Jawabannya. Silahkan simak pembahasannya dibawah ini!
Dibawah ini merupakan Soal UAS/PAS Mapel Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 1 + Kunci Jawabannya.
Adapun Soal UAS/PAS Mapel Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 1 + Kunci Jawabannya berisi dari 15 soal pilihan ganda.
Kumpulan Soal UAS/PAS Mapel Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 1 + Kunci Jawabannya digunakan kepada orang tua atau wali untuk memandu proses belajar anak.
Soal UAS/PAS Mapel Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 1 + Kunci Jawabannya
Agrowisata Kebun Teh Wonosari minangka salah satunggaling papan wisata kang asri ana ing wewengkon Kutha Malang. Dumunung kira kira 6 km saka Lawang lan 30 km saka Malang, ana ing lerenge Gunung Arjuna, mula hawane adhem
1. Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ….
A. Kolaborasi
B. Idhentifikasi
C. Klasifikasi
D. Deskripsi bageyan
Jawaban: B
Ing Coban randa saliyane banyu anjlog akeh wahana wisata kang bisa kita temoni kayata : kebun satwa lan kebon woh – wohan, taman labirin kanggo wahana dolanan goleki dalan, papan kanggo outbond uga ana, ana kuliner utawa café lan uga ana hunting foto.
2. Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ….
A. Idhentifikasi
B. Kolaborasi
C. Klasifikasi
D. Deskripsi bageyan
Jawaban: D
Ana ing papan wisata Jatim Park iku bisa ditemokake maneka warna wahana kanggo dolanan, kayata : kreta kelinci, bom-bom car, tornado, labirin lan sapanunggalane kang bisa gawe para wisatawan iku kasengsem marang papan panggonan kasebut.
3. Paragraf ing dhuwur kalebu struktur teks deskripsi yaiku ….
A. Idhentifikasi
B. Klasifikasi
C. Kolaborasi
D. Deskripsi bageyan
Jawaban: B
Kalawingi Budhe Narmi tindhak menyang Surabaya amarga arep dherek lomba nembang macapat.
4. Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ….
A. Cara
B. Wektu
C. Upaya
D. Panggonan
Jawaban: B
Esuk umun umun para kadhang tani tumandhang gawe menyang sawah, padha sayuk rukun makarya ing sawah kanthi sengkud, ana kang macul, ana kang ngresiki gulma, ana sing mupuk lsp, supaya nalika mangsa panen, asil panen apik lan nyenengake.
5. Tembung “ macul, ngresiki lan mupuk “ kalebu tembung ….
A. Wilangan
B. Kahanan
C. Panyilah
D. Kriya
Jawaban: D
Adikku nggawa buku Basa Jawa kanggo sinau
6. Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ….
A. Upaya
B. Wektu
C. Tujuan
D. Panggonan
Jawaban: C
Para pangunjung yen kepengin lunga menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum.
7. Saka ukara ing ndhuwur, kang kalebu tembung ancer-ancer yaiku tembung ….
A. Menyang
B. Sendhang biru
C. Para pengunjung
D. Kendaraan umum
Jawaban: A
1. Aku tuku gula ing pasar
2. Kula tumbas gendhis wonten ing peken
3. Kula mundhut gula ing peken
4. Kula mundhut gendhis ing peken
8. Ukara ing dhuwur kang kalebu basa ngoko lugu yaiku nomer ….
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4
Jawaban: A
Mbak Rani wingi lunga menyang Pekalongan arep tuku Batik.
9. Yen nganggo basa ngoko alus, yaiku ….
A. Mbak Rani kalawingi kesah dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik
B. Mbak Rani kalawingi tindhak dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik
C. Mbak Rani wingi tindhak menyang Pekalongan arep mundhut Batik.
D. Mbak Rani wingi kesah datheng Pekalongan arep mundhut Batik
Jawaban: C
Gunung Arjuna yen didheleng saka kutha Malang mligine tlatah Singosari katon ijo royo royo, ing lembah utawa kaki gunung kaya kaya astane satria kang gagah prakosa njaga alam ing sakiwa tengene.
10. Miturut tata rakite utawa jenise tembung, tembung “saka” kalebu tembung ancer ancer amarga tembung saka ….
A. Sesulihing Gunung Arjuna
B. Nerangake kaendahan ing Gunung Arjuna
C. Kanggo nerangake pangrasa ndheleng Gunung Arjuna
D. Kanggo nyambung tembung di dheleng karo Kutha Malang
Jawaban: D
Minangka salah sawijining papan wisata ing Jawa Wetan, dumunung ing kutha Blitar kalebu wisata budaya / cagar budaya. Manggon ana ing sangisore Gunung Kelud. Ing sakupenge tinemu reca ( arca ) peninggalan saka kerajaan Kediri.
11. Wisata ing dhuwur nyritakake ….
A. Pesisir Ngliyep
B. Kampung Coklat
C. Candi Penataran
D. Pesarean Bung karno
Jawaban: C
Telaga Sarangan iku dununge ing sakulone kutha Magetan, kurang luwih 16 km saka kutha.
12. Tembung kurang luwih yen karunut miturut macane nggunakake swara ….
A. U jejeg, A jejeg, U jejeg, I miring
B. U jejeg, A miring, U jejeg, I jejeg
C. U miring, A miring, U jejeg, I jejeg
D. U miring, A jejeg, U jejeg, I miring
Jawaban: A
Mbah Sastra duwe pekarangan kang amba banget, dhewekke seneng ngingu kewan, akeh maneka warna kewan kang ana ing pekarangan kayata : sapi, wedhus, kebo, pitik, kelinci, bebek, menthog.
13. Manut teks ing dhuwur tembung kang nganggo swara miring yaiku ….
A. Sapi
B. Kebo
C. Kelinci
D. Wedhus
Jawaban: D
Sawise lulus saka STOVIA, Dr Soetomo banjur nerusake perjuwangane ing Kutha Surabaya. Liwat organisasi Budi Utomo. Dr. Soetomo uga ngedegake organisasi putri Mardika, yaiku sawijine organisasi kewanitaan kang nerbitake ariwarti Darma Kandha, sawijining surat kabar kang digunakake kanggo propaganda merjuwangake kamardikan.
14. Teks kasebut ing dhuwur kalebu struktur bageyan ….
A. Surasa
B. Wasana
C. Pambuka
D. Idhentifikasi
Jawaban: A
A. Wekasan Riwayate
B. Perjuwangan lan lelabuhan
C. Riwayat Pakaryan
D. Asal Usul tokoh
E. Anugrah kang diterima
15. Pranyatan nomer … lan … ing dhuwur kalebu isi panutup / wasana teks profil.
A. B lan C
B. A lan E
C. B lan D
D. A lan C
Jawaban: B
Itulah pembahasan Soal UAS/PAS Mapel Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 1 + Kunci Jawabannya yang bisa Mang Ocoy bagikan. Semoga bisa bermanfaat bagi Anda semua!